Putu : “Gek ngopo sampean mbah? “
Simbah : “ Nggolek godhong gedhang
le..”
Putu : “ godhong gedhang gawe opo mbah ?"
Simbah : “gawe bungkus lontong”
Putu : “lontong gawe opo mbah”
Simbah : “ mengko dipangan karo opor”
Putu : “oooo sik mengko.. lha saiki ngopo mbah?
Simbah : “nggolek godhong gedhang leee”
Putu : “gawe opo mbah? “
Simbah : “digawe bungkus lontong!! Khan
mau wis tak kandani leee!?!?!”
Putu : “Lontong digawe opo mbah?”
Simbah : “dipangan karo opor leee,
mosok digawe ganjel lawang??“
Putu : “Oh ngono yo mbah”
Simbah : “iyooo, wis kono lungo, ojo
ngganggu aku!!!”
Putu : “kenopo mbah? “
Simbah : “kan aku akeh gawean
saiki…!!!”
Putu : “gawean opo mbah…?”
Simbah : “ Maasyaa Allaaah....nggolek
godhong gedhaaaang lee...!!!”
Putu : “godhong gedhang gawe opo
mbah…?”
Simbah : “digawe lontoooong, ra krungu
tho kowe?????!! “
Putu : “Simbah ngomong karo sopo…? “
Simbah :“ Astaghfirullah....karo
kowee...tholeee....!!!
Putu : “lha nek karo aku, kenopo simbah
bengak bengok? Aku kan nang kene wae”
Simbah : “mripatmu merem tho... !!!
Soale kowe bodho… ora ndelok tho aku lagi akeh gawean????!!!!“
Putu : “gawean opo mbah….? “
Simbah : “dengkulmu anjloogg!!!!
Nggolek godhong gedhaaaang leee...!! “
Putu : “godhong gedhang gawe opo
mbah…?”
Simbah : “ lambemu ambrol...… digawe
bungkus lontong, lontong yo dipangan leeeee!!!! “
Putu : “Kan nang omah ono sego?, kenopo
simbah mangan lontong campur godhong gedhang mbah????”
Simbah : “putuku sing nggantheng ireng
thuntheng koyok areng, kowe dolan sing adoh, nek perlu ora usah mbalek sak
lawase!!!!!, engkok simbah bludregke kumat. Simbah lagi nyambut gawe saiki!!”
Putu : “kenopo koq bludreg mbah?
Sakjane simbah nggolek godhong gedhang opo bludreg sih? Bludreg kuwi opo sih
mbah? Iso digawe bungkus lontong tho…?“
simbah : “ya ampuun. ... le.. lee...!!
Kok guoblok tenan koweeee..!!!! Kenthiiir!!!!“
Putu : “kenthir??? Simbah stress yo?? “
Simbah : “iyo Simbah stress..!. mumet
ndasku ono kowe ngganggu aku nyambut gawe!! “
Putu : “nek nyambut gawe nggolek godhong
gedhang marai mumet…, kenopo simbah isih tetep nggolek godhong gedhang???
Simbah : “wis wis ora usah kakean
cangkem!! Saiki minggato, muliho wae kowe.!!!!“
Putu : “iyo mbah, aku muleh wae… simbah
ora muleh sisan…??”
Simbah : “oraaa, aku isih akeh gawean “
Putu : “gawean opo mbah…?”
Simbah : “weduss...!!! takok maneh!!!!!
nggolek godhong gedhang,..!!!!
Putu : "godhong gedhang gawe opo
mbah,.?”
Simbah : “gawe njejeli
lambemu...!!!!????
Putu : lha jarene mau gawe bungkus
lontong mbah?
Simbah langsung semaput!!!!!!!!.
# Jangan ketawa sendiri ajak teman mu
# Dengan cara share tulisan ini






0 komentar:
Posting Komentar